Buku Pelajaran Lawas
Basa Jawi
Bagian 2



buku lawas
BUKU PELAJARAN"BASA JAWI"1957

buku lawas
BUDALING WADYABALA DWARAWATI LAN MADURA
Lah ing kana ta wau,untaping prajurit Drawawati Ian Madura, dahat asri tiningalan,wedale saking ing alun-alun pinda sulung rebut marga kehing janma umiyat tanpa wilangan, kang lumampah kadya sela brekiti,sela watu, brekiti semut, lirpendah semut lumakweng sela,ndalir datan ana pedote: tumindaking prajurit kadya wardu gangga sasra,wardu lintah gangga banyu,sasra sewu,pinda lintah ewon neng toya bareng kumelap:gedebuging lampah,klebeting bandera rontek,krapyaking watang agetik,krincinging kendali kasauran swaraning tambur suling, aburangan pangariking kuda, pangempreting dipangga, kapiyarsa pinda gerah kapat,gebyaring busana sarawangun ujalawaning sanjata,kasorot ing baskara pinda kuwung obar- abir: lampahing wadya agegolongan,ingkang busana pita tinon kadya puspita panjran:ingkang busana wilis agolong tinon pinda nyalada ngemu teja: ingkang busana seta lirpendah kuntul neba:ingkang busana langking pinda dandang reraton: wadya ingkang busana rekta,tinon pinda giri pawaka geni, kadya gunung kawelagar:dupi prapta sajawining kita sami kendel amasanggrahan,satria ing Kaipaten kalih rekyana pati Udawa, tuwin rekyana patih Pragota sami mandap saking turangga.
Bagian 1-nya klik disini ...
(M.Ng.Nayawirangka,-Serat tuntunan Padalangan)


DIJUAL BUKU-BUKU KUNO / LAMA ... !!!


No comments:

Post a Comment

Note: only a member of this blog may post a comment.